Kamis, 17 Oktober 2013

SYAIR

TRESNO SUDRO

Abote wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali
Tansah eling esemmu
Nganti kapan aku ra ngerti
Iso nyanding sliramu


Abote dadi wong sudro
Tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
Tansah ngiro aku wong durjono

Pancen dalan sing tak liwati
Ngalor ngidul mung dengkul
Paribasan turu klesetan

Uripku tansah cedak pacoban

Wong ayu tak enteni
Lilane wong tuwamu maringke kowe
Sing sabar yo tresnaku
Ing tembe mburi bakal dadi
duwekmu

Duh gusti sing tak puji
Paringono dalan kanggo
tresnaku

Tidak ada komentar :

Posting Komentar